Jumat, 20 Maret 2009

KEUTAMAAN MOCO MAULID NABI { II }

Sayyid Abu Bakar bin Muhammad Syatho ono ing Kitab " I'ANATUTH THOLIBIN " juz III halaman 365 nyritaake mengkene : " Kacarito, ono ing zamane Amiril Mukminin Harun ar Rosyid ono sawijing pemuda indalem kutho Bashroh. Pemuda mau tingkah polahe ngliwati wates, sehinggo wong negoro kono podo nganggep remeh marang pemuda mau jalaran tingkah lakune ingkang ora apik. Ananging pemuda mau setiap masuk wulan Robi'ul Awwal, dewe-ke ngumbah pakeyane, tumuli nganggo wewangen lan pakeyan ingkang indah , lan agawe lan ngundang WALIMAHAN, dewe-ke njaluk di waca-ake MAULID NABI MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم , lelakon ingkang koyo mengkene tansah dilakoni dening pemuda mau ingdalem mongso ingkang suwe. Kacarito, naliko si pemuda mau wafat , penduduk negoro kono podo krungu HATIF ( suworo tanpo rupo ) " WAHAI PENDUDUK KUTHO BASHROH ! PODO HADLIRO ! PODO NEKSENONO JANAZAHE SAWIJINING WALI SAKING WALI-WALINE ALLOH , SAK TEMENE DEWE-KE IKU KAGOLONG MULYO ONO NGARSO INGSUN " , syahdan , wong-wong penduduk kutho kono tumuli berbondong-bondong podo TA'ZIYAH LAN PODO NGREWANGI MENDEM PEMUDA MAU . Kacarito, wong-wong penduduk kutho kono ngimpi ketemu si pemuda mau lenggang lumaku kanthi penganggo sarwo edhi saking sutro SUNDUS LAN ISTABROQ . Pemuda mau ditakoni : KANTI NGAMALAN OPO KOQ SLIRAMU MEKOLEH KAUTAMAN IKI ? Jawabane de-e : " KANTHI NGEGUNGAKE MAULID NABI MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم " , Mugo-mugo kitho kagolong wong ingkang MAHABBAH dumateng KANJENG NABI MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم lan tansah enthuk SYAFA'ATE KANJENG NABI MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم wiwit saking donya tumeko marang alam kelanggengan . Amin ya Robbal 'alamin . Wis yo semene bae, mugo-mugo manfaat في الدين والدنيا والآخرة . . Posted on friday , rabi3ul awwal 23th 1430 by abdullah afif rt 13 rw VII kauman wiradesa pekalongan jawa tengah INDONESIA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar