Jumat, 20 Maret 2009

KEUTAMAAN MOCO MAULID NABI { I }

BISMILLAAHIRROHMAANIRROHIIM. Alhaafidz Imam Suyuthi ngendiko ingdalem Kitab " AL WASAA-IL FII SYARHISY SYAMAA-IL " ingkang surasane : Ora ono utawi omah utowo masjid utowo tempat tinggal/perkemahan iku diwaca-ake MAULID NABI MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم indalem iku panggonan, anging ngepung sopo poro agung Malaikat kelawan ahline mengkono panggonan, lan nyumrambahi sopo Gusti Alloh Ta'ala kanthi rohmat, lan poro Malaikat ingkang kakepung cahyo , yakni جبريل ، ميكائيل ، إسرافيل ، قربائيل ، عينائيل lan poro agung Malaikat ingkang podo baris , lan ingkang podo ngepung lan Malaikat كروبيين , kabeh mau podo nyuwunake ngapuro kanggone wong-wong ingkang dadi sebab anane moco MAULID MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم . Imam Suyuthi ngendiko maneh : Ora ono utawi wong Islam, iku diwaca-ake MAULID NABI MUHAMMAD صلي الله عليه وآله وسلم anging Gusti Alloh bakal ngilangi saking ahline omah iku , opo paceklik , wabah , kobongan , ponco boyo , bilahi , malapetaka , dendam , hasud , عين السوء kemalingan. Naliko wong mau mati , mongko Gusti Alloh bakal nggampangake anggone jawab M alaikat Munkar lan Nakir , lan wong mau bakal katempatake ingdalem palungguhan ingkang temen , ingdalem ngarsane Dzat ingkang ngratoni , ingkang moho Kuat / lan kuoso . ( sumber: kitab I'ANAH juz III halaman 365 . Mugo-mugo manfat في الدين والدنيا والآخرة ، آمين . ، posted by: abdullah afif kauman wiradesa pekalongan jawa tengah INDONESIA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar